matpithi

Ndah niyo matenge ..

In Guyonan on 3 November 2006 at 5:25 am

Saropah ditangkep pulisi, ditahan. Lha yok opo, mosok manuk-e bojone, Dul Kimpong, dikethok mbarek peso. Puthul, wis. Gak kelojotan tah bojone koyok ngono. Kedadeyane pas isuk-isuk, enak-e mancal sarung.

Dul Kimpong ya heran. Padahal, sorene, Saropah karo dek-e ‘main’ enak temen. Nganti tanduk-tanduk barang. Gak Saropah sing ngejak maneh, ya Dul Kimpong. Pokok bener-bener nikmat tenan (tenin?). Lha kok isuk-e duwe polah sing koyok ngono.

Gak urung, saropah yo ditarap mbarek pulisi.

‘Ola nopo sampeyan ngethok manuk bojo sampeyan. Wis gak doyan, tah cemburu? Duwe wedokan maneh tah bojo sampeyan? Yok opo nek kate nguyuh?’

Akeh pitakonane pulisi mbarek Saropah. Saropah yo sedih, wong ngakune khilap.

‘Rencana ndika niko nopo, ning?’

‘Ajeng kula goreng’, jarene Saropah kalem.

‘Lho, damel nopo? Adane manuk doro ae, rek, digoreng. Karep ndika niku lho nopo?’

‘Mboten ngoten pak pulisi. Sorene kula lak main kalih bapak-e arek-arek niku. Wah, maine hebat, kula sampak klenger ping sekawan’

‘Lha, terus kok tambah dipotong?’

‘Kula mbatin. Mentahe ae enake koyok ngono. Ndahniyo nek mateng’

Iyo nek pitik, yu…

Gigih

Mat Pithi kancane cak Prabowo, rek ..

In Guyonan on 3 November 2006 at 5:25 am

Gak dinyono jaman berubah begitu cepat. Mat Pithi sing biasa urip
ugal-ugalan lan sak enak udele, dadakan melok berubah. Mahasiswa lan rakyat
rame-rame mudun ndek embong kanggo nuntut badak tuwo Suharto lan gerombolane.
Wehhh….Mat Pithi tiba-tiba sadar mbarek kabeh iki. Dek’e gak gelem
ketinggalan sepur, melok dadi ngaktipis. Gak blaen-blaen, rek.
Wong jenenge Mat Pithi..nek gak isok melok arus, yo dudu Mat Pithi. Lha
wong mat Pithi hare!!

Saben ndino mat Pithi nggae seragam ireng-ireng mbarek udeng nganggo
tulisan ‘reformasi.’ Wislah…pokoke gagahe ngalah-ngalahi Anglingdarmo
kakehan arak. Gayane ngalah-ngalahi Patih Logender sing lagi kesurupan
arwahe jenate Arkan macan Serbia. Mat Pithi hare !!

Mat Pithi gak mikir bojo-gak mikir opo, langsung budal nunggang sepur lungo
Jakarta, bergabung mbarek mahasiswa sing podo demonstrasi ndek Balai Sidang.
Ngaku sebagai anggota senat mahasiswa ITS jurusan Locologi. Jarene iku
fakultas anyar sing nembe dibukak ndok ITS. ( wis..jan nemen mat Pithi iki.
Gurung nate diantemi arek-arek ITS, tah?? )

Maju ndok barisan paling ngarep. Gak blaen-blaen, mat Pithi gandengan
tangan mbarek Ngamin Rais ambek bengok-bengok ; Turunkan Suharto !! Suharto
turunan Sarka’i !!!

Lhoh? Lha kok isok mat Pithi gandengan tangan ambek Ngamin Rais iki yak opo?
Lha wong mat Pithi hare!! Yo iku mau, ngaku sebagai anggota senat Fakultas
Locologi ITS. Dadakan Ngamin Rais yo percoyo ae. Gak nganggo takon maneh,
iki tambahan pendukung, pikire Ngamin Rais. Wis…tepak nemen iki.

Sesuk’e photone mat Pithi gandengan tangan ambek Ngamin Rais ndok embong
bersama-sama mahasiswa onok ndok koran Pos Kota. Wuahhh…tambah ndadi
gayane mat Pithi.

Iki sing nggarahi Jendral Prabowo sing saben esuk uthuk-uthuk moco Pos Kota
langsung mendelik ndelok gambare Mat Pithi. Langsung perintah anak buah
kanggo nggoleki mat Pithi. Yapto, Yorris lan sak panunggale dadi sibuk
tenan nggoleki ndok ngendi nginepe mat Pithi. Opo gak ciloko iki mat Pithi??

Singkat cerita, akhire mung rong ndino Mat Pithi kecekel, dieret-eret ndok
Cijantung ambek sak pasukan Kopasus. Diantemi nganti bonyok, nanging mat
Pithi gak nangis gak opo. Malah nantangi sing nggebugi. Jarene ; Mana
Jendral Prabowo ??

Jendral Prabowopun datanglah dengan muka merah padam, rumongso ditantang
Mat Pithi. Tanpo akeh ngomong, langsung wae mat Pithi disuwing nganti nggeblag.

Eh…dadakan mat Pithi gak ketok kelaran babar blas. Malah jarene ; Ngkok
disik tah cak Wowok. Opo sampeyan iki gak eling ambek aku, cak??

Prabowo langsung kaget diceluk nganggo jeneng cak Wowok ngono. Lho iku lak
celukanku mbiyen. Sopo iki mat Pithi , pikir’e.

Sopo koen ? Pitakone, Jendral Prabowo.
Lhoh, aku iki lak Oom Hartono. Eling tah? Sampeyan mbiyen sering ninggal
KTP ndek Darmo Raya, mari santai mbarek Anita anak buahku sing keturunan
menado.

Wuah…langsung wae Jendral Prabowo alias cak Wowok genti lenger-lenger.
Lha wong Mat Pithi hare !!!

tigun

Mat Pithi lara untu

In Guyonan on 3 November 2006 at 5:22 am

Mat Pithi, arek mbethik, hobbyne nontok bioskop. Paling seneng filem India. gak ilok. Pokok bioskop Golden Gate, cidek jembatan Pethekan, Ujung, main filem India, gak kathik akeh pikiran, masiyo duwik bayaran sekolah, yo digawe.

Tapi sak iki Mat Pithi kepothokan. Lha yok opo, wong duwik sing kate digawe nontok bioskop iku katene digawe nambakno untune sing lara. Bioskop mbayare sewu. Digawani bapake rong ewu, pas kanggo mbayar dokter gigi.

Ndik jalan Sasak, onok dokter gigi sing omahe gak patek adoh. Sing siji dokter gigi Nursalim, sijine Awad Dahdah. Mat Pithi marani dokter gigi Nursalim. Pas tekan njero dek e takon, ‘pak dokter, cabut gigi mbayar pinten?’

Dokter Nursalim kanda ‘Rong ewu, cung’

‘Oleh gak sewu?’

Dokter Nursalim kanda mbarekl mbanyol ‘Oleh ae, pokok gak kathik dibius’. Batine Nursalim, endi onok wong sing kuat dicabut untune gak kathik dibius.

Mari takon Mat Pithi metu saka ruangane dokter Nursalim. Doktere nerusno ngladeni pasien liya.

Mat Pithi, mari saka dokter Nursalim, mara nang dokter Awad. Ndaftar, njaluk dicabut. Gak suwe Mat Pithi dipanggil, terus dikongkon lungguh nang kursi pasien. Sak wise dipriksa, terus dijupukna suntikan bius. Mat Pithi disuntik. Pipine krasa abuh, kandel. Bar disuntik, Mat Pithi kongkon metu ruangan, ngenteni dipanggil maneh, kate dicabut untune.

Mat Pithi metu. Tapi gak ngenteni ndik ruang tunggu, malah mlayu nang dokter Nursalim, kanda nek siap dicabut.

Dokter Nursalim wis kadhung kemakan omongane dewe, yo kepeksa gelem ngladeni Mat Pithi. Dicabut nggak gawe bius. Nursalim ya bingung, arek iki cik kuate dicabut gak dibius kok meneng ae. Mari dicabut, Mat Pithi mbayar sewu, terus lunga nontok bioskop. Nursalim gedheg-gedheg.

Bareng wis dirasa wayahe, dokter Awad metu ruangan, kate njabut untune Mat Pithi. Didelok ndik ruang tunggu, endi arek iki. Ya, uwis….

Kapan-kapan, Nursalim mbarek Awad ketemu, wong pancen sak tonngoan ae. Sering ketemu. Awad crita, nek dek-e tahu ngopeni pasien sing kuat banget. ‘Tak cabut untune padahal gak tak bius iku, lho, Wad, gak ketok lara’.

Awad kaget, ‘Arek-e ireng, klambi kotak-kotak?’

‘Iya’

‘Lha, iku lak pasienku. Mari tak suntik bius, dadak gak balik’.

Gigih